Rabu, 15 Januari 2020

Materi  Bahasa Jawa kelas X  Pranatacara

A. Maca lan Nanggepi Teks Pranatacara

Assalamualaikum Wr.Wb.
     Dhumateng panjenenganipun para pepunden, para sesepuh pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundhi.
     Para pangemban pangembating praja satriyaning negari minangka pandam pandoming kawula dasih ingkang sinuba ing pakurmatan. 
   ...
    Caos uninga katur dhumateng para lenggah, bilh titi laksana ijab kobul putra pinanganten, nun inggih Rara Ayu Fitri Kusuma putra putrinipun bapa joko susena ingkang kadhaupaken kaliyan bagus ganes Sri Narendra putra kakungipun bapa agus dahlan ingkang wonten sekayu semarang, sampun keleksanan kanthi wilujeng nir ing rubeda duk nalika dinten selasa, 29 Maret 2016 wanci tabuh 09.00 mapan ing sekayu .

   Paratamu kakung sumawana putri, wondene menggah reroncening tata adicara ingkang sampun rinancang rinacik rinumpaka dening para kulawangsa nun inggih:
 1. Binuka kanthi sowaning putra temanten sarimbit saking sasaba busana
2. Purnaning tata upacara sowanipun pinanganten
3. Atur pambagya yuwana saking hamengku karsa

B. Nemokake Isi Pokok Teks Pranatacara 
Isi teks pranatacara ing nduwur yaiku
1. Teks pranatacara kasebut ngandharake titi laksana ijab kobul
2. Acara binuka kanthi sowane temanten sarimbit, waosan kalamullah atur pambagya hamengku karsa, pasrah, sabdatama, lan para para.

C. Mbedhah Kaidah Pranatacara
Urut-urutane teks pranatacara
1. Salam pambuka
2. Atur pamuji.
3. Atur kasugengan, kairingan atur panuwun
4. Wedharing gati.
5. Atur nyuwun pangapura.
6. Panutup.
7. Salam panutup.

D. Maca Teks Pranatacara
Supaya anggone maca teks pranatacara gampang dimangerti kudu nggatekake babagan ing ngisor iki.
1. Pangucapane kang trep
2. Pamedhote ukara kang trep
3. Intonasi nara lan tekanan kang trep
4. Mangerteni tandha wacan kanthu trep
5. Swara kang cetha
6. Ngatut alon lan cepete pamaca
7. Ngolah treping mlebuup wetuning napas
8. Mahami wacan
9. Pracaya marang diri pribadi

E. Kawruh kagunan Basa
Tembung yogaswara
Tembung yogaswara, yaiku tembung kang tulisan apadene pakecapane meh padha, dianggo bebarengan lan nduweni teges lanang wadon.
 CONTONE:
BATHARA-BATHARI .
KEDHANA-KEDHINI
HAPSARA-HAPSARI

F. Tembung Entar
Entar tegese silihan; yaiku tembung kang nduweni teges ora salugune. Tembung entar nduweni isi kang geseh tetembungane
(gadhah teges kiyas)
CONTONE
GEDHE ENDASE = GUMEDHE
KETHUL PIKIRE = BODHO

G. Rura Basa 
Rura asale saka tembung rurah kang tegese rusak utawa bubrah. Rura basa iku basa kang rusak utawa bubrah. Amarga ora ketemu nalar. Rura basa kang salah ning wiskabacut lumrah.
CONTONE:
GODHOG WEDANG
NGULEG SAMBEL

H. Panyandra 
 Panyandra asale saka tembung candra, kang nduwe teges wetunan kaanan wewujudan sarana pepindahan. Kang di utamake ing pantandra iku gegambaring  kaendahan kang kawengku ing samubarang kang di candra, panyandra menggah kabergasaning badan.
CONTONE :
RAMBUTE NGOMBAK BANYU
DRIJINE MUCUK ERI
ALISE NANGGAL SAPISAN

I. pepindhan 
Pepindhan iku tetembungan kang ngemu isi irib-iriban utawa emper-emperan. Padha karo kekarepan karo kaya, kadi, lir, pindah.
CONTONE
LAKUNE KAYA MACAN LUWE
RUKUNE LAYA MIMI LAN MINTUNA
SUWARANE KAYA BLEDHEG

 SUMBER Gegaran Nyinau Basa Jawa 1

20 komentar:

Materi Bahasa Jawa Bab 6 kelas X Kautamaning Urip            Serat Wedhatama iku anggitane Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunega...