Rabu, 15 Januari 2020

Materi Bahasa Jawa Bab 6 kelas X Kautamaning Urip


           Serat Wedhatama iku anggitane Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunegara VI. Tembung 'serat' tegese tulisan/karya ,tembung 'wedha' tegese wulangan/tuntutan, lan dene 'tama' tegese utama/lautan. Dadi, wide serat Wedhatama iku wulangan luhur kanggo mbangun budi pakertine sapa wae kang moco. Serat Wedhatama dianggit wujud tembang macapat Pupuh pangkur, sinom, pocung, lan kinanthi.
A. Maca lan nanggapi teks serat Wedhatama Pupuh Sinom lan nitik guru Gatra, guru lagu, lan guru wilangan
Sinom

Nuladha laku utama
Tumraping wong tanah Jawi
Wong agung ing Ngeksigandha
Panbahan Senopati
Kepati amarsudi
Sudaning hawa lan nepsu
Pinesu tapa brata
Tanapi ing siyang ratri
Amamangun karyenak tyasing sesama.
✓ Pupuh Sinom ing serat Wedhatama ngemot tembang cacahe 18 bait. Sapada tembang sinom diwiwiti saka tembung  'nuladha' tekan tembung 'sasama'.
✓Guru Gatra, yaiku cacahing larik saben sapada. Ing tembang sinom ana 9 Gatra.
✓Guru lagu, yaiku tibaning  dhong-dhinge swara saben pungkasane Gatra. Ing tembang sinom yaiku: u, i, a, i, i, u, a, i, a
✓Guru Wilangan, yaiku cacahing Wanda (suku kata) saben sagatra (lirik). Ing tembang pangkur yaiku: 8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12
✓ Supaya gampang dieling-eling, biasane ditulis: 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
B. Nemokake tuntunan ing serat Wedhatama Pupuh sinom lan njumbujake Karo kahanan bebrayan
Sinom

Contohlah perilaku utama,
Bagi kalangan orang Jawa
Orang besar dari Ngeksigandha (Mataram)
Panembahan Senopati,
Yang tekun,
Mengurangi hawa nafsu,
Dengan jalan prihatin (bertapa),
Serta siang malam,
Selalu berkarya membuat hati tentram,
Bagi sesama (kasih sayang)
✓ Pada Iki mung salah sijine saka 18pada ing Pupuh sinom serat Wedhatama. Saka pada kang wis dijarwakake dadi basa Indonesia mau ditemokake tuntunaning urip, upamane:
• Manungsa kudu bisa nuladhani kaya tumindhak e panembahan Senopati, yaiku tekun
• Manungsa kudu bisa gawe ati tentrem kanthi tansah budi daya tresna asih miring sesama.
• Manungsa kudu bisa ngurangin hawa nafsu kanthi prihatin
C. Nulis cakepan tembang Sinom
       Supaya bisa nulis cakepan tembang macapat (sinom), wiwitana kanthi gawe ukara bebas. Ukuran bebas mau banjur dicocogake guru lagu, guru Gatra, lan guru Wilangane. Carane yaiku bisa kanthi ngowahi tembung tembung e utawa ngowahi papane tembung. Cara cara iku kayata: purwakanthi swara, purwakanthi sastra, yogyaswara, baliswara, dasanama, tembung Saroha, lan sapanunggale. Tuladhane:
Ukara Bebas :
Nalika wayah prei aku lunga
Karo kanca kanca piknik menyang Bali
Ati seneng amarga weruh suwasana kang Endah
Suwasana Endah ing Kabeh pamandhangane
Kabeh mrasuk ing sajroning ati
Tari Kecak lan Barong kang endah iku
Tansah nggugah ati lan pikiranku
Kabudayan kang endah ing negeri
Indonesia kang maneka werna rupane
Cakepan Tembang sinom :
Prei prei aku lunga

Kanca kanca piknik Bali

Ati seneng weruh Endah

Ing Kabeh pamandhangane

Mrasuk ing jroning ati

Kecak lan barong iku

Nggugah ati pikiran

Kabudayan ing negeri

Indonesia maneka werna rupa

Sumber: Gegaran Nyinau Basa Jawa 1 Kelas X SMA/SMK/MA
Materi  Bahasa Jawa kelas X  Pranatacara

A. Maca lan Nanggepi Teks Pranatacara

Assalamualaikum Wr.Wb.
     Dhumateng panjenenganipun para pepunden, para sesepuh pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundhi.
     Para pangemban pangembating praja satriyaning negari minangka pandam pandoming kawula dasih ingkang sinuba ing pakurmatan. 
   ...
    Caos uninga katur dhumateng para lenggah, bilh titi laksana ijab kobul putra pinanganten, nun inggih Rara Ayu Fitri Kusuma putra putrinipun bapa joko susena ingkang kadhaupaken kaliyan bagus ganes Sri Narendra putra kakungipun bapa agus dahlan ingkang wonten sekayu semarang, sampun keleksanan kanthi wilujeng nir ing rubeda duk nalika dinten selasa, 29 Maret 2016 wanci tabuh 09.00 mapan ing sekayu .

   Paratamu kakung sumawana putri, wondene menggah reroncening tata adicara ingkang sampun rinancang rinacik rinumpaka dening para kulawangsa nun inggih:
 1. Binuka kanthi sowaning putra temanten sarimbit saking sasaba busana
2. Purnaning tata upacara sowanipun pinanganten
3. Atur pambagya yuwana saking hamengku karsa

B. Nemokake Isi Pokok Teks Pranatacara 
Isi teks pranatacara ing nduwur yaiku
1. Teks pranatacara kasebut ngandharake titi laksana ijab kobul
2. Acara binuka kanthi sowane temanten sarimbit, waosan kalamullah atur pambagya hamengku karsa, pasrah, sabdatama, lan para para.

C. Mbedhah Kaidah Pranatacara
Urut-urutane teks pranatacara
1. Salam pambuka
2. Atur pamuji.
3. Atur kasugengan, kairingan atur panuwun
4. Wedharing gati.
5. Atur nyuwun pangapura.
6. Panutup.
7. Salam panutup.

D. Maca Teks Pranatacara
Supaya anggone maca teks pranatacara gampang dimangerti kudu nggatekake babagan ing ngisor iki.
1. Pangucapane kang trep
2. Pamedhote ukara kang trep
3. Intonasi nara lan tekanan kang trep
4. Mangerteni tandha wacan kanthu trep
5. Swara kang cetha
6. Ngatut alon lan cepete pamaca
7. Ngolah treping mlebuup wetuning napas
8. Mahami wacan
9. Pracaya marang diri pribadi

E. Kawruh kagunan Basa
Tembung yogaswara
Tembung yogaswara, yaiku tembung kang tulisan apadene pakecapane meh padha, dianggo bebarengan lan nduweni teges lanang wadon.
 CONTONE:
BATHARA-BATHARI .
KEDHANA-KEDHINI
HAPSARA-HAPSARI

F. Tembung Entar
Entar tegese silihan; yaiku tembung kang nduweni teges ora salugune. Tembung entar nduweni isi kang geseh tetembungane
(gadhah teges kiyas)
CONTONE
GEDHE ENDASE = GUMEDHE
KETHUL PIKIRE = BODHO

G. Rura Basa 
Rura asale saka tembung rurah kang tegese rusak utawa bubrah. Rura basa iku basa kang rusak utawa bubrah. Amarga ora ketemu nalar. Rura basa kang salah ning wiskabacut lumrah.
CONTONE:
GODHOG WEDANG
NGULEG SAMBEL

H. Panyandra 
 Panyandra asale saka tembung candra, kang nduwe teges wetunan kaanan wewujudan sarana pepindahan. Kang di utamake ing pantandra iku gegambaring  kaendahan kang kawengku ing samubarang kang di candra, panyandra menggah kabergasaning badan.
CONTONE :
RAMBUTE NGOMBAK BANYU
DRIJINE MUCUK ERI
ALISE NANGGAL SAPISAN

I. pepindhan 
Pepindhan iku tetembungan kang ngemu isi irib-iriban utawa emper-emperan. Padha karo kekarepan karo kaya, kadi, lir, pindah.
CONTONE
LAKUNE KAYA MACAN LUWE
RUKUNE LAYA MIMI LAN MINTUNA
SUWARANE KAYA BLEDHEG

 SUMBER Gegaran Nyinau Basa Jawa 1
Materi Bahasa Jawa kelas XI  Bab 6 Katresnan Kang Se
Jati 

A. Cerita Rakyat

             Cerita rakyat yaitu cerita kang diceritakake kanthi turun-temurun utawa kang wis dadi tradhisi ing masyarakat.

Cerita rakyat kasebut kacritakake ing maneka werna kahanan, ana ing sajroning kumpulan, utawa penangkapan cerita pamancing impen, lan sapiturute. Tumraping bocah-bocah, cerita rakyat uga bisa minggunakake pinangka pendhidikan budi pekerti, amarga Budi pekerti luhur tumrap bocah-bocah. Crita rakyat ndueni unsur unsur pambangun, kayata tema, tokoh utawa penokohan, latar (setting), alur (plot), sudhut pandhang, lan amanat.

     Tema yaiku pokok permasalahan ing sajroning crita. Saben crita duwe tema kang gumathok supaya gampang diwaca. Latar (setting) yaiku papan panggonan, wektu, lan suwasana kadadeyan ing sajroning crita. Sudhut pandhang yaiku cara pandhang panganggit tumrap cerita kang dianggit awujud wong kapisan, wong kapindo, utawa wong katelu. Amanat yaiku pesen kang diaturake Deming panganggit marang wong kang moco. Alur yaiku urut urutan prastawa ing crita. Penokohan yaiku paraga kang ndhuweni watak ing sajroning crita.

    Crita rakyat ngemu piwulang utawa nilai nilai, antarane yaiku nilai nilai budaya kang ndhuweni gegayutan karo pamikiran, kabisan, lan karya cipta manungsa, nilai nilai sosial kang ndhuweni gegayutan karo tata laku antaraning manungsa ndhuweni sapadha, lan nilai nilai moral kang ndhuweni gegayutan karo tumindhak apik lan elek kang dadi dhasare kauripane manungsa lan masyarakate.

  

• Titikan crita rakyat :

- Panyebarane kanthi lesan

- Duweni sifat tradisional

- Sugih cakrik lan variasi

- Jenenge pangriptane ora konangan

- Wagune Toronto (klise) ana utawa susunan utawa cara pangungkapane


• Unsur Crita Rakyat

(ndhuweni unsur intrinsik) :

1. Tema

2. Latar (setting)

3. Paraga

4. Alur (plot)

5. Amanat

6. Sudut pandang

  • Wujude crita rakyat miturut William R. Baskom ana 3 golongan yaiku :

1. Mitos : crita kang dianggep bener bener kedadean ana ing alam dharat, segara utawa langit. Tuladhane: crita Nyi Rara Kidul, Nyi Lanjar

2. Legendha : crita kang dianggep bener bener kedadean, biasane crita mau ana patilasane arupa watu, gunung lan kali. Tuladhane: crita baru klinting

3. Dongeng : cerita kang ngayawara lan ora bisa dipercaya. Tuladhane: Keong mas, lan lutung kasarung.

B. Sinopsis

        Yaiku ringkesan crita saka alur kang dawa dadi cekak nanging bisa njlengrehake crita sakabehe.  Bab kang kudu digatekake Yen bakal nulis sinopsis:

1. Tema : gagasan pokok, pokok crita

2. Latar : papan lan wektu dumadine prastawa

3. Alur : lakuning crita

4. Penokohan : paraga crita

Saka keterangan iku banjir bisa digawe sinopsise.



Sumber : Gegaran Nyinau  Basa Jawa 2 Kelas Xl SMA/SMK/MA

Materi Bahasa Jawa kelas XI Ngawekani Akehe Informasi


Bab 8

Ngawekani  Akehe Informasi

    Ing jaman kemajuan wong mbutuhake informasi kang awujud pawarta utawa liyane kalebu iklan.Awit saka akehe iklan wong nganti bingung dhewe arep milih sing endi.Ana jinis iklan kang becik lan kurang becik.Tegese iklan becik iku bisa aweh pitulungan,ngenthegake bot reporter bebrayan.Dene iklan kang kurang prayoga iku  iklan kang kayane ngentheng-ngenthengake sanggama ananging nyatane suwalike malah bekel hulu.

    Ing jaman kang sarwa modern iki iklan bisa ditemoni ing sadhengah papan panggonan.Ora mung mligi ing spanduk,pamflet,koran,ananging radio,tv, internet uga wis akeh kagunakake kanggo masang iklan.Salah sijine titikane  iklan kang becik iku bisa dideleng  saka bahasane.Basa iklan kang becik iku basa kang gampang dingerteni dening pamaos utawa pamirsa.Mula ora mokal ing Jawa iki uga akeh tinemu iklan kang migunakake basa Jawa.Ancase ora liya supaya wong kang ana ing Jawa iki bisa mangerteni kanthi gamblang isine iklan kasebut.Saliyane saka basa kang gampang dimengerteni iklan iku uga kudu cekak aos cetha lan menggeser.Ora ngambra-ambra mundhak marake bingung sing maca utawa sing krungu.Mula pamilihing basa kang trep iku uga nemotokake bobote iklan.Pamilihing basa iku bisa awujud slogan kang gampang dieling-eling dening bebrayan

   Sadurunge nerusake sinau babagan iklan,coba wangsulana pitakon iki!
1.Apa awakmu tau ngrungokake utawa weruh iklan kang migunakake basa Jawa?
2.Ing ngendi awakmu nemoke iklan iku mau?
3.Iklane iku mau babagan apa?
4.Kepriye basa kang digunake ing iklan mau?
5.Apa gunane iklan iku mau tumrape awakmu?

A.Ngrembug teks iklan
    Iklan iku mujudake kabar utawa pesen kanggo njurung utawa mbujuk marang bebrayan supaya tuku utawa nggunakake barang kang ditawakake.Lumantar medhiane iklan iku bisa kagolong dadi loro yaiku iklan lisan lan iklan tulis.Iklan tulis bisa awujud pamflet,poster,baliho bisa uga kacithak ing ariwarti utawa kalawarti.Dene iklan lisan padatan kagiyarake lumantar medhia elektronik kayatane TV lan Radhio.
    Titikane iklan kang becik yaiku jujur, obyektif, cetha,ringkes,tembunge prasaja, gampang, dimengerteni,narik,kawigaten, sopan,lan logis.Dene unsur-unsure iklan ing antarane yaiku:
1.jeneng barang utawa jasa kang ditawakake,
2.pihak utawa pawongan kang masang,
3.alamate sing masang,
4.kahanan sarta manfaat barang utawa jasa kang ditawakake.
  Basa teks iklan beda karo basa teks-teks liyane.Titikane basa iklan yaiku:
1.migunakake slogan,
2.ukurane persuasi utawa mbujuk wong liya,
3.migunakake subjek wong kapisan.

Gatekna iklan radhio ing ngisor iki!
  
Bapak  :"Bu,bune..lha nek Semarang iku panganan apa sing enak?"
Ibu:"Lha...ya soto Bangkong kang ana ing Prapatan Bangkong iku.Uenak tenan sotone,uenak garang aseme,sate kerange uga sate ayame!"
Bapak :"Wah... uenak,.. kapan mangan ing soto Bangkong ya Bu!"

Mbutuhake buku Budaya Jawa...?
Toko Buku Prasaja
Nyedhiake maneka warna buku babagan budaya Jawa
Anyar lan lawas kabeh ana
Bukune pepak regane kacandhak
Alamat Kp.Jonegaran No.248 Semarang
Buka jam 10.00-17.00 WIB
Dina minggu lan dina prei liyane tutup.
Buku budaya Jawa ya toko buku prasaja

Pro 4 RRI Yogyakarta
Ngleluri budaya Jawa
Frekuensi Am 1107 KHZ
Programa pendidikan dan budaya
Acara
-Kethoprak
-Wayang kulit
-Uyon-uyon Manasuka
-Sandiwara Basa Jawa


B.Nulis teks iklan
    Iklan dibutuhake supaya wong liya ngerti barang sing ditawakake.Carane nggawe iklan sing apik kudu nggatekake babagan ing ngisor iki yaiku:
a.sing dituju kudu cetha,
b.sing ngirim kudu cetha,
c.barang utawa jasa sing ditawake kudu cetha,
d.narik kawigaten sing maca,
e.nuwuhake rasa pengin tuku saka sing maca,
f.nuwuhake rasa pengin nduweni barang sing ditawakake,
g.bisa  nggawe sing maca tuku barang sing ditawakake,
h.nggunakake slogan utawa sesanti kang gampang ditampa lan dieling-eling.


C.Carane nulis iklan
1.Temtokna ancase iklan (nawakake barang utawa jasa).
2.Gawe cengkorongan kang dumadi saka unsur-unsure pawarta (jeneng barang utawa jasa,sing gawe iklan, alamat, kahanan utawa manfaat).
3.Ngrembakake cengkorongan dadi iklan kang wutuh, nganggo basa kang prasaja cekak,mentes, cetha, sopan uga narik kawigaten.


D.Nyuguhake teks iklan
   Maca teks iklan tegese menehake informasi marang wong liya.Supaya isine bisa ditampa kanthi wutuh dening pamireng,becike nggatekake babagan ing ngisor iki:
1.Paham isine iklan.Kalebu basa,uga pangucape tembung kang rinakit ing teks iklan.
2.Swara sarta pangucaping tembung kudu cetha lan trep.
3.Menawa awujud pacelathon kudu njumbuhake karakter paraga kang digambarke.


Sumber : Gegaran Nyinau Bahasa Jawa 2 Kelas XI SMA/SMK/MA

Senin, 13 Januari 2020

Materi bahasa Jawa kelas XII ( GAMELAN )





Gamelan
 Gamelan iku mujudake piranti musik Jawa padatan kanggo pangiring tembang.Tumrape wong Urip,gamelan kena kanggo niteni wewatekane menungsa.karepe, bisa kanggo nodhi utawa nguji kepiye rasa pangrasane menungsa mau nalika ngrasakake swarane gamelan. Gamelan uga bisa diarani gangsa yaiku tetabuhan musik Jawa kang ricikane akeh kanggo ngiring lagu-lagu utawa tembang-tembang Jawa kang umume diarani gendhing.



            Ricikan utawa jeneng-jenenge gamelan iku udakara ana limalas werna ,kayata : Bonang panerus,Bonang Barung ,kempul lan gong ,kenong ,slenthem,gender penerus,gender Barung ,demung,saron panerus,saron Barung (1),saron Barung (2), Gambang,kethuk lan kempyang ,rebab ,serta kendhang .



    A.  Maca lan nanggapi teks eksposisi ngenani gamelan

Teks eksposisi iku sawijine karangan kang tujuwane nerangake utawa njelasake kadadeyan,kahanan,utawa swasana tinamtu supaya wong kang maca bisa mudheng lan ngerti kanthi cetha.Tuladhane kaya ngisor Iki .


                              Gamelan

    Gamelan iku dumadi saka piranti werna-werna nanging tetep nyawiji.Sanajan cacahe akeh,nanging yen diunekake bareng bisa nuwuhake ras kang Endah jalaran dilaras kanthi premati lan ditata kanthi becik.Murih endahe irama ,larase gamelan dibedakake dadi rong werna,yaiku laras slendro lan laras pelog.

    Laras slendro nyakup titilaras 1,2,3,5,6,  dene laras pelog isine titilaras 1,2,3,4,5,6,7. Laras slendro lan Laras pelog kabedakake maneh jinise.Sarana kanggo mbedakake jinise iku jenenge pathet.Pathet digunakake minangka tenger kang bisa nuduhake titilaras kang digunakake.Upama dipadhakake karo solmisasi,pathet iku padha Karo nada dasar.pathet ing laras slendro ana pathet 5,pathet 6, lan pathet manyura ,dene ing pathet laras pelog ana pathet 6 lan pathet barang.kabeh mau nuduhake menawa sanajan wujude werna-werna nanging ora ngilang sipate kang nyawiji.



      B.  Mbedhah perangane teks eksposisi
 
    Tuladha teks eksposisi ing ngarep bisa ditemokake titikane teks eksposisi . Titikane yaiku ana pambuka , isi , lan panutup . Cethane kaya kaya ing ngisor Iki .


Pambuka  :


       Gamelan iku dumadi saka piranti werna-werna nanging tetep nyawiji.



Isi               :


       Sanajan cacahe akeh,nanging yen diunekake bareng bisa nuwuhake ras kang endah jalaran dilaras kanthi premati lan ditata kanthi becik.Murih endahe irama,larase gamelan dibedakake dadi rong werna , yaiku laras slendro lan Laras pelog.dibedakake dadi rong werna ,yaiku laras slendr kan Laras pelog.


                     Laras slendro nyakup titilaras 1,2,3,5,6,  dene laras pelog isine titilaras  1,2,3,4,5,6,7.  Laras slendro lan Laras pelog kabedakake maneh jinise.sarana kanggo mbedakake jinis iku jenengane pathet . Pathet digunakake minangka tenger kang bisa nuduhake titilaras kang digunakake. Upama dipadhakake karo solmisasi,pathet iku padha Karo nada dasar .Pathet ing Laras slendro ana pathet 5, pathet 6, kan pathet manyura,dene ing pathet ing Laras pelog ana pathet 6 lan pathet barang.



Panutup         :


       Kabeh mau nuduhake menawa sanajan wujude werna-werna nanging ora ngilang sipate kang nyawiji .



Sumber : Buku Bahasa Jawa 3 kelas XII SMA/SMK/MA


Materi Bahasa Jawa Bab 6 kelas X Kautamaning Urip            Serat Wedhatama iku anggitane Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunega...